Yuuk Sinau Basa Jawa

Pasinaom basa Jawa minangka sulih pasinaon ana ing kelas

Sinau Saka Ngomah

(Learning From Home)

Gua Cemara

Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kang dicritakake marang wong liya. Crita mau bisa arupa pengalaman dhewe lan uga bisa pengalamane wong liya.



Conto Crita Pengalaman ana LKS Widya Tamansari kaca 31: Pilih Bokong Apa Pilih Kathok


Pigunane crita pengalaman yaiku :

1. Sarana ngudhar reruweting pikir

2. nambahi kawruh

3. Minangka piwulang utawa guru ing Bahasa Inggris ‘’ the experience is the best teacher.’’

4. Minangka panglipur

Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis yaiku:

1. Anane tema utawa bakuning crita kang wis tau dilakoni

2. Nemtokake pokok-pokoking crita

3. Mekarake pokoking crita dadi ukara

4. Mekarake ukara dadi paragraph.

5. Ninthingi tulisan kalarasake pamilihing tembung, runtuting ukara, paragraph, uga tata panulise.

Sing perlu digatekke nalika nulis crita pengalaman

1. Paraga

2. Watake paraga

3. kedadeyane

4. Papan lan wektune

6. Umpan balik saka prastawa sing dicritakake


TUGAS UNTUK KELAS IV

Kembang Mawar lan Anggrek


SUPAYA WARNANE ORA MUNG IRENG PUTIH KLIK UTAWA DUMUKEN GAMBAR KEMBANG ING NGISOR IKI!





Mawar Merah Ungu

Rosa coly
Mawar iki sering disebut Dark Lady.









Mawar Kuning

Rosa foetida
Mawar kuning sing sempurna kanggo punjungan marang kanca utawa sanak. Kembang mawar iki mujudake makna sing kebak pengarep-arep lan pangerten kekancan sing awet abadi.








Mawar Teh

Rosa Tea
Kembang mawar jenis iki minangka hasil persilangan antarane pirang-pirang jenis kembang mawar. Dalem sak mangsa, Tea Roses bisa kembang bola-bali. Malah wis kondhang wiwit pirang abad kepungkur menawa bisa didadekake inuman kaya teh sing sehat dan nduweni gizi. Salah sijine saka akeh mupangate, yaiku mbantu nambani lara dada, lara weteng, masalah ana pencernaan lan uga pendarahan nalika menstruasi.







Mawar Putih

Rosa Alba
Mawar putih dipercaya nglambangake murnine dan tuluse katresnan. Kembang iki akeh digunakake acara pernikahan, amarga bisa makili rasa nyawiji ana taline katresnan. Saliyane iku, mawar putih iki digunakake kanggo misungsung pakurmatan ana ing acara kepaten & pemakaman, amarga bisa makili rasa simpati lan rasa belasungkawa sing jero.







Mawar Damaskus

Rosa Damaskusa

Damask minangka jenis mawar hibrida. Kembang mawar iki kondhang amarga ngambar arume lan asring didadekake bahan lenga wangi.







Mawar Jambon

Rosa Centifolia

Arume sing unik, entheng, lan manis ndadekake jenis mawar iki dibudidayakake ing Grasse, Prancis, didadekake parfum.






Mawar Moss
Rosa Moss
Mawar Moss biasane mekar ing wektu esuk lan ing wektu sore hari wis alum. Kembang putih, abangg, kuning utawa oranye


Mawar Juliet
Rosa Juliet
Mawar Juliet  dibudidayakake dening David Austin. Kembang sing nduweni dhapur makutha sing kaendahane ngedab-edabi iki metu ana publik ing tahun 2006 ana ajang Chelsea Flower Show. Warnane sing super lembut lan aroma sing khas dadi daya tarik sing dipencuti wong akeh. Lan regane iya ngedab-adabi utawa fantastis



Mawar Abang
Rosa Sp.
Abang sing mencuti ati. Mawar abang sing duwe makna rasa utawa emosi sing jero arupa rasa katresnan, kangen, kedhuwung, utawa pengarep-arep




Mawar Biru

Rosa sp. (hibrida)

Mawar biru bisa ngungkapake rasa katresnan sing lagi trubus.



Mawar Ungu

Rosa sp.(hibrida)

 Mawar ungu sing digunakan kanggo nyuntakake rasa digambarake kanthi endah.

Mawar Merah

Rosa Floribunda,

Warna abang sing ngunjara ati   sing mubyar kebak kaendahan.



Anggrek Bulan Merah Muda

Phalaenopsis Amabilis
Anggrek bulan kanthi mawerna warnane nglambangake katresnan, kaendahan, kasuburan, rasa gati dan kayungyun





Anggrek Merah Ungu lurik

Phalaenopsis Sp.

Endah, ayu, ngunjara rasa sengsem.






Anggrek Dendrobiom

Papillionanthe hookerina


Sing cilik nanging nggemesake








Vanda Tutul

Vanda sp

Si tutul sing marahi kayungyun, lan wangine amrik angambar








Anggrek Pansy

Miltonia sp.
Kembang duwe wangi arum sing lembut lan eksotis, mehr mirip karo mawar.





Anggrek Cattleya

Cattleya mantini
Warna makutha puspane banget marahi kayungyun









Anggrek Kalajengking

Arachnis flos-aeris
Si Arum Kesturi